Para sedulur mesthi akeh sing wis kenal Blontank alias Poerwoko. Apa maneh sedulur sing klebu member Komunitas Blogger Bengawan, mesthi kenal karo sesepuh komunitas kuwi. Blontank pancen njelehi, saking njelehine dikenal ning ngendi-endi. Malah ana sing njuluki Blontank The Famous, artine, Blontank nganggo sepatu merek Famous.
Aku kenal Blontank durung suwe, senajan ngerti jenenge wes udakara rong tahun telung taun kepungkur. Sepisan maneh, Blontank pancen terkenal. Aku ra ngerti, terkenale merga Blontank kuwi budayawan, seniman, jurnalis, utawa merga salah nulis jenenge. Miturut tata basa Jawa sing tak ngerteni, tata cara penulisan nganggo hurup Latin nganggo pathokan “cara omong manut cara Solo, ning cara nulis manut cara mBanyumasan”. Hurup mati sing unine kandel, contone dhupak, theleng, kethip, sithik, padhang, klonthang, sedhep, lan sak panunggalane, cara nulise ditambahi hurup “H” ning mburine konsonan sing unine kandel. Semono uga ukara “blonthang”, sak benere cara nulise ya “blonthang” dudu blontang… Ning, merga wis kadhung nggaya tur terkenal, ya ra papa nek ditulis “BLONTANK”… Hurup “G” diganti “K” ben ketok gaul.
Najan salah kedaden kaya ngono kuwi, ana ciri khas sing sing patut ditiru. Blontank sing itheng, methisil, methikil, tur perokok kelas berat kuwi, ning ngendi-endi mesti nggawa asbak portabel. Bentuke bunder cilik kaya meteran tukang kayu. Sak ngertiku kuwi gaweyan Tegal, ning jare Blontank kuwi tukune nang Singapur.
Dadi perokok ora kudu ilang sipat resikane, mesthine ngono sing ana pikirane Blontank, aku rak ngerti.
Jan-jane, Blontank kuwi ora njelehi, ning marai meri… Blontank pancen iso dadi suri tauladan…
Miturut sedulur, Blontank kuwi piye???



hahaha… mergo teko singapur makane digow ng endi2. coba gawean tegal. digletakne gawe ganjel laawang
mantan kyai menampilkan tulisan… Ayo Futsal! Permainan Sepakbola Mini
lha nek gawean limbangan, bedug je mas… nek digowo-gowo yo ngalahno futsal
suryaden menampilkan tulisan… ngunduh wohing pakerti
sakjane gawena limbangan yo ana sing cilik… kuwi lho, rebana
gajah_pesing menampilkan tulisan… Pria = Cowok ?
wkakakak ojo ngono tho.mengko ndak tambah tuwo.hehe. tapi semangate tetep enom jew. salut aq
jane ki, sing berkesan kamerane, ning kok sampeyan malah ketarik karo asbak ki pripun
suryaden menampilkan tulisan… ngunduh wohing pakerti
kamerane guedhe tur abot… saking canggihe aku malah rak iso nganggo
wong edan… mosok cah cilik koyo aku dikon ngomong ngoko, sakjane aku kudune ngomong kromo malah diseneni… pertama kali kenal wes di ukarakne “sampean iki nek gak nogomong boso opo’o?”
cah cilik koyo aku kan kudune JAIM, wes pancen Top Markotop
gajah_pesing menampilkan tulisan… Pria = Cowok ?
salam kenal ae gawe cak blonthank, teko bapake galuh
galuharya menampilkan tulisan… Si Culun di sarang Siluman
Wahahaaa
kreatif, neng kuwi asbak tenan po kang?
weheheee, nek ho’o jan portabel banget, nengndi2 udud rasah bingung golek asbak
koyone lagi iki moco tulisane kang andy sek njawi, hihihiii
O… Kuwi tho pakne panjul. Lha sampinge kuwi mase panjul. Banjur adine panjul si bodrex ning endi?
wo lha ingon2ku kok malah wes komen nang kene..huss..huss..ayo bali kandang meneh…
tukang Nggunem menampilkan tulisan… Kartu nama blogger
adine panjoell sing dikantongi karo blontak kuwi…
ciwir menampilkan tulisan… Hari Pendidikan Nasional
ciwir celeng..
tukang Nggunem menampilkan tulisan… Kartu nama blogger
Blonthank kuwi koyo dhemit…nek pas digoleki sok angel-angelan le ketemu, mbasan ora digoleki jedhal-jedhul medeni bocah…tur nek pas mawujud mesti bal bul akeh keluk nang sak kiwo tengene mergo udude ora mandeg-mandeg… Sok-sok kemaki,mbagusi lan njenggo, ning sakjane apikan… (wes semono wae mengko ndak wonge le mbayari aku kakehan..hahaha)
tukang Nggunem menampilkan tulisan… Kartu nama blogger
Pingin kenal karo sesepuh ah….
Kagem mas Blontank ..kulo nyubi…badhe nderek tepang….
( Jos iki.. kapan2 genti nampilke figur / profil liyane yo mas…)
Xitalho menampilkan tulisan… Perbedaan Itu Indah
mas blontank kui medeni bocah, tur yo iso motivasi bocah . .
hehehe . . .
fahmarahman menampilkan tulisan… Logo Google Untuk Mengenang Samuel Morse
Wah foto siapa itu ?:
ajengkol menampilkan tulisan… Keputihan Karena Jamur
arifudin menampilkan tulisan… 5 W About Search Engine
blontank ki opo pekerja seni solo ya? tbs mangkale?
nek lagi dadi seniman yo mangkal ning TBS. Nek lagi dadi kernet yo ning Tirtonadi
Dony Alfan menampilkan tulisan… Kartu Nama Blogger
ooo mbiyen tahun 95 tau ketemu berarti diriku
moco postinganmu Mas, serasa membaca koran jawa terbitan suriname….
ayik menampilkan tulisan… Jahil
untung sing diganti uduk huruf B
nek diganti dadi K terus pie jal…?
Pencerah menampilkan tulisan… Flu Babi
bwaakakakak… kui munine kaleng tibo…
wih,sing terkenal dadine asbak-ke
Pradna menampilkan tulisan… Obrolan Sore : Suasana Lebaran
Wong tuwo tapi ra kroso nek tuwo, salah sijine yo Blontank klonthank kuwi. Mungkin cah2 Bengawan kudu enek sing ngelingake
Dony Alfan menampilkan tulisan… Kartu Nama Blogger
memang bener, kalo pas lagi deket sama mas blontank, seakan beliau jadi motivator dan filosof dadakan.. but..itulah tauladan…
*es teh kampul dinanti*
kelakuane blontank kuwi perlu dicontho…
udud, ora gawe reged papan panggonan sing diududi…
ciwir menampilkan tulisan… Celengan
lha kuwi sing tak rani “marai meri”… rupane elek ning iso dadi suri tauladan…
asbak portable.., ide bagus, lagi ngerti aku…
marai meri, meri tapi ora nganggo keri…
grubik menampilkan tulisan… traVel kapitalizm
sopo wae sing iso gawe suri tauladan kudune marai meri…
meri bab sing becik iku apik lho!
Wah nggak bisa komen nih! ga ngerti isi tulisannya..
perlu kursus bahasa jawa nih!
afrianti Takaful menampilkan tulisan… Berasuransi Syariah Mengamalkan Hadits Ukhuwah
nek dereng pati kenal nggeh kudune kenal riyen sak derenge komentar nggeh…
Jan ora adil… Model Endonesia senengane main royokan!!
Wong enom2 kok anane ngrasani wong tuwo.
padahal wong tuwo ra tau ngrasani cah enom…
Opo Cah Enom2 iki ora pengin tuwo???
[Ora pengin tuwo = menolak tekan tuwo...
Hidup Mas Blontank...]
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
ngrasani apik mboten napa2 pak!
lha pak Blontanke kok ndak muncul2 ya?
denologis menampilkan tulisan… Roll of the Role
pak blonthank ki gouwlh, ngak ngak ngak XD
ael menampilkan tulisan… Sok tahu lo!!!