Cathetan HarDikNas, 02 Mei 2009:
“Siapa pun paham dan tahu bahwa tanggal 2 Mei adalah diperingati sebagai hari pendidikan nasional. Sejak SD sudah diajarkan dan ditanamkan serta dikenalkan hal ini. Namun, apa yg terjadi dengan Hari Pendidikan Nasional???”
Kuwi pethilan seko email sing dikirim Ciwir, lho… jebule ya ana ning blog-e… Nek pengin ngerti, wacanen dhewe!

Sak ngertiku, HarDikNas iku ya Hari Pendidikan Nasional, bocah-bocah sekolah mulih gasik merga ning sekolahan mung upacara thok. Aku ora ngerti, opo sekolah ing jaman saiki bener-bener migunani. Akeh uwong sing sekolah ning salah niyat. Karepe nek bar sekolah iso golek gaweyan. Dadi, sekolah dudu sarana kanggo golek elmu, ning golek ijasah kanggo nglamar kerja. Ana maneh sing niyate sekolah merga pengin golek gelar. Apa pancen dhukdheng nek wes nganggo titel sing rintip-rintip ya? Mbuh ah!
Aku ya ngrasakke, beya kanggo sekolah saya suwe saya larang. Ning pikiranku kuwi isih lumrah merga reregan ya tambah larang. Basane sing keren, kuwi jenenge inplasi. Nanging, ana sing gawe prihatin. Pamarentah saiki malah ngetokake UU BHP -Undang-undang Badan Hukum Pendidikan.
Aku prihatin, undhang-undhang kuwi malah ndadekake kesempatan kanggo sekolah-sekolah, universitas-universitas, lan badan pendhidhikan liyane kanggo ngundhakke beya pendhidhikan ora sak lumrahe. Miturut Departemen Pendidikan Nasional, Direktorat Jenderal Pendidikan Tinggi:
Salah satu perkembangan mutakhir pendidikan Indonesia adalah pengesahan Rancangan Undang-Undang Badan Hukum Pendidikan (RUU BHP) menjadi Undang-Undang Badan Hukum Pendidikan (UU BHP) (17/12/2008) oleh DPR RI. UU BHP menempatkan satuan pendidikan sebagai subjek hukum yang memiliki otonomi luas, akademik maupun non akademik, tanpa khawatir lagi dengan kooptasi birokrasi.
Ketoke apik, ning kewaca nek pamarentah nyoba ngeculke tanggungjawab sing wes diamanatke UUD “mencerdaskan kehidupan bangsa“… Kasarane, iki kalebu gejala liberalisasi (neoliberalisme) mengatas-namakan otonomi, profesionalisme dan korporasi, lan liya-liyane sing ketoke apik-apik. Apa iki artine pamarentah uga nyoba ngeculke tanggung-jawabe marang Hak ECOSOC rakyate???
Lha nek wes ngene ini, HarDikNas kuwi kanggo opo??? Aja-aja mung kari simbol thok. Apa aku sing bodho ya???
Gambar seko: Ressay.Wordpress.Com
aku nganggep’e yo ngunu, mung cuma simbol nggo pangeling Ki Hajar Dewantara, luweh tekan iku wes gak ono artine…
malah mesakne cah-cah jaman saiki, sinau 3 taun ra ono ajine mergo UN kui, sarjana seng sakjane kudune iso nyiptakno lapangan gawean kok malah saiki sarjana melok lapangan gawean wong sung sugih bondo…
gajah_pesing menampilkan tulisan… Blog Monetized
Ki Hajar Dewantoro nduwe sedulur kembar, jenenge Di Hajar Kewantara…
(Aku ora muni ngono lho… Aku mindah hurup D karo H dowang!!!)
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
siji kesimpulane,
negoro telek, ra iso ngawe sistem pendidikan sing sip
aku ra muni ngono lho!…
setuju karo kang gajah pesing. mungkin sek kudu dibenahi karo arek-arek sek lagi do sekolah kuwi niate, Le do sekolah kuwi niate opo sih..? Nek mung nggo etuk ijazah, lha saikin ra keetung wong nyekeli ijazah luntang lantung.
Ya mung iso ndonga, mugo-mugo pendidikan neng Endonesa tambah maju lan tambah maju terus… amin…
menguece aku yo?? ijasahku pirang-pirang, titel yo thirik-thirik, ning saiki lonthang-lanthung
Welehhh… lha wong super swibuk koyo kang andy, lagune we bedho : “Disini kerja, Disana kerja, dimana-mana kang andy kerja”
Intine nek Hardiknas (pas SMP) Upacara sak kecamatan bareng, nggodani cewek terus baline gelut karo sekolah liyo
Pencerah menampilkan tulisan… Flu Babi
Wah… iki conto sing apik banget
sak iki wis ra ono pendidikan nasional. sing ono pembodohan nasional.
institusi pendidikan wis berubah dadi industri sing mung kanggo golek untung…
itempoeti menampilkan tulisan… KPU – Komisi Pelelangan Umum
aku ki jane ora pengin maido pemrentah .. luweh sakkarepe.. nek ora amanah mbek rakyate yo “Ben Dosa” ngunu wae. Hla nanging rikala ngancik nyekolahke anak… rasane puegel kae… kabeh-kabeh sarwa larang. mosok anakku tak sekolahi dewe ? Nulis nganggo sabak…. itung-itung nganggo sodo pring… jian tambah nggaplekki … Hardinas miturutku = Hari Menghardik secara Nasional… menghardik sisitem pendidikan bangsa Endonesia.
xitalho menampilkan tulisan… Perbedaan Itu Indah
Sing jelas iklan pendidikan gratis sing kerep njedul nang tipi, iku bukti ae pendidikan di politisasi. Piye arep cerdas nek sistem pendidikanne wae ora cerdas!
sekolah sekolah , politik politik , jangan sekolah di politiki
gedeblog menampilkan tulisan… Membuat domain di localhost
wah, ancen isane peringatan thok, trus upacara… hakekate opo ya ora jelas wis…
Wah Wah kok gambarnya demo gitu sich???
loh itu gambare juga ngambil dari blognya ressay, hayooo kang andy konangan
sudah dicantumkan sumbernya di bawah
nek wingi durung tho
hardiknas: upacara neng lapangan kepanasen, nyanyi ngrungokne pidato terus bubar kesel
meylya menampilkan tulisan… Hari Pendidikan Nasional
yowis, selamat hardiknas wae, nyembelih sopo? eh maksudku nyembelih opo?
budi menampilkan tulisan… EDUCATION HAVE AS BODY LAW, HEAD …
HARDIKNAS cuma sebagai pengingat kalau pendidikan di Indonesia itu masih bobrok…
buJaNG menampilkan tulisan… Blog DoFollow
Wes salah kaprah, wes bubrah lan ora bener maneh ..
satu hal yang sampai saat ini saya pahami ketika hardiknas adalah… murid-murid bisa bebas ngapain disekolah… hehe… guru-gurunya pada upacara di diknas…. asik
Pak Anang potone paling serius. Liyane podo ngguyu, minimal mesem, tapi Pak Anang pasang wajah serius…
Bener2 eksekutif muda Jurusan Surabaya-Nggambir…
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
iyo…..
denologis menampilkan tulisan… Roll of the Role
Yang perlu diupgrade adalah pemahaman soal sekolah untuk mencari pekerjaan…jaman sekarang udah gak bisa seperti itu lagi..sekolah itu sekedar untuk membentuk pola pikir aja, soal pekerjaan kita gak bisa bergantung sepenuhnya dengan ijasah yang kita pegang..maka dari itu perbanyaklah punya lifeskill koyo kang Andy kuwi…mung ngajari karo nggawekke blog wae oleh duwit atusan ewu… hahahaha
tukang Nggunem menampilkan tulisan… Kartu nama blogger
Firefox 3.0.1 kok jek ono sing ngoleksi yo…
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
wah, pak Mar saiki ngagem Firefox 3.0.10… tumben mboten ketinggalan pak!
conto lifeskill liyane yaiku dadi potograper, moto weding entuk duit akeh
Memang aneh…
Akeh uwong meragukan manfaat sekolah, tapi durung ono uwong sing wani ora nyekolahke anake…
Nek wong sing komentar bab sekolahan tapi nyekolahke anake, tak anggep munapik.
Lagi tak anggep gagah mriyayeni nek meragukan fungsi sekolah tapi dibarengi dengan ora nyekolahke anake.
Ono maneh sing ora nyekolahke anake, nanging ora amargo meragukan manfaat sekolah, tapi faktor ekonomi.
Paling ora gagah dan tak capi tengu nek wong mau tau sekolah tapi malah takon manfaat sekolah.
Lha mbiyen pas sekolah ning endi wae???
Kenopo cap tengu?
Lha ngendi ono tengu sekolah?.
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
lha niku masalahe pak!
Weh…
Bareng dadi kok commentku nduwur kuwi dawa ya…
Yo jelas dowo, ben ora dicap tengu…
Ngendi ono tengu biso komentar dawa???
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
Weh lagi, aku isin, kok nganggo Vista dewe.
Ngetoki nek colongan.
Tapi yo lumayanlah, colongan2 tapi kan Vista.
Wis colongan, XP lagi…
marsudiyanto menampilkan tulisan… KPK, PKK dan KKP
Weh… kula ngangge BelenIX OpenSolaris pak!
pendidikan dan manusia bagai dua sisi mata uang yang tak terpisahkan…
ciwir menampilkan tulisan… Hari Pendidikan Nasional
Hardiknas!!!