Ngingu Pitik Ra Sah Makani

Dhek wingenane pas Kyai Slamet dolan nang Solo, aku melu-melu nginep nang kos-kosane Panjul. Bengi-bengi kebelet pipis, aku nunut menyang mburi nang kamar mandi. Kos-kosane Panjul pancen asri, ana taman ning tengahe, ana kandang pitik lan kandang manuk ning tengah-tengahe. Pas liwat ning cedhake aku gumun, kok kandang kuwi resik, tur ora mambu badheg.

kandang ayam plasu

Bareng wes esuk padhang njingglang aku nembe ngerti. Jebul mau mbengi aku ra nglegewa nek ning kandang kuwi isine mung patung pitik seko semen. Hajinguk!… (angry) Sing duwe omah pancen kesed tenan, ngingu pitik wae  sing ra sah nganggo dipakani. (doh)

Nganti saiki, nek kelingan aku iso kemekelen dhewe… Oalah suuu, pitik plasuuu…  kaya ngene kok dipamerke(LOL) (rofl) (lmao)

*gambar: sing kaos biru kuwi jenenge Panjul, saben esuk makani iwak lele ingon-ingonane sing cacahe mung selikur (doh)

Post to Twitter Post to Plurk Post to Yahoo Buzz Post to Facebook Post to Google Buzz Send Gmail

Related Posts

79 thoughts on “Ngingu Pitik Ra Sah Makani

  1. asem..asem….
    tk cermati tenanan kaet awal..meh ngikut gtu gmn carane ngingu pitik tnpo makani…
    eladalah trnyata …hehehe (lmao)
    lucu asli…

    neyta menampilkan tulisan… puisi buat papa

       0 likes

  2. Hahahahaa…. aku yo tau ketipu kui Pak. Pitike kok ra obah2… Bareng tak tamat2i, jublakmen patung. Hasyem tenan….. :D

       0 likes

    • itu cuma cerita tentang pelihara ayam tanpa perlu kasih makan, pak Acil!… lha ayamnya dari semen kok! (LOL)

         0 likes

  3. Kyai Slamet kok ra komen ning kene ya? Padahal wes tak link “Hajinguk!..”… (rofl)

       0 likes

  4. (rofl) ayam-nya gak usah di kasih makan dan emang gak bisa di makan.. (lmao) mestinya di bikin satu lagi tuh yang betina.. biar bisa kawin dan bertelur.. telurnya juga dari semen.. (haha)
    luvie menampilkan tulisan… kopi [part 1] : the history

       0 likes

    • alhamdulillah, pitik sampean sing ning ndeso kuwi isih iso disembelih, dimasak uenak… lha pitike panjul??? (LOL)

         0 likes

  5. Woalahh… pitik sing ora usah dipakani ning sing jago ora isa kluruk, sing babob ora isa ngendhog. Ha mbok latare sisan ditanduri wit krambil sing ora isa tiba bluluke…

    Kombor menampilkan tulisan… Facebook Oh Facebook

       0 likes

  6. ngingu pitik sing ora iso nelek.. padahal telek-e keno kanggo pakan lele-lele kuwi :lol:

       0 likes

  7. ini blog dofollow…
    sepanjang berkunjung tidak nyepam, saya sangat senang… :-D

       0 likes

  8. waaaah….. komentar opo iki ya….. wes dibabat karo para komentator liyane je….
    tak melu ngguyu wae ah…:D

       0 likes

  9. hehehe.. dasar soewoen “aya aya waenya”.. hehehe… ayam ora usah dipangani…
    Salam Sayang

       0 likes

  10. Ana bajul nek turu mlumah
    Pitike Panjul ora bisa obah

       0 likes