Tutup Kendhang

Sedulur kabeh mesthi wis ngerti opo kuwi kendhang. Nek ra ngerti yo kebangeten. Mengko nek diklaim karo Malesia ojo nesu. Lha wong ora gelem nguri-uri kabudhayane dhewe kok! Yo wis ben nek arep dicolong karo bangsa sing ora nduwe budhaya kaya Malesia kuwi! Tanggane dhewe kuwi pancen aneh. Ojo maneh kok kabudhayan, lha Lagu Kebangsaan Malaysia Negaraku wae jublakmen nurun Lagu Terang Bulan, lagu jadhul sing wis nate populer ning Indonesia mbiyen kuna lawak taun patangpuluhan. Nek ra percaya, coba dolano nang Lokananta Solo. Rekaman lagu Terang Bulan kuwi isih ana ning kana.

Bali maneh ning masalah kendhang. Alat musik kendhang kuwi wujude mblendhuk. Digawe seko kayu sing dibolongi. Tengahe kopong, ngarep mburi ditutup nganggo lulang sing wis disamak trus dirangket kenceng nganggo penjalin, lulang, utawa tali. Yen lulang sing dadi tutup kuwi dithuthuk utawa ditabuh, suwarane apik tur ulem. Blang tak thung thung… Pokoke joss!

Ben luwih dhong, iki tak duduhi gambar kendhang sing tak jupuk sembarang seko ngomahe mbah Gugel.

Mumpung iki wulan pasa utawa Wulan Romadhon, aku yo arep ngelingke sethithik. Ora arep minteri, iki mung sakderma ngamalake sabda Nabi “ballighu anni walau ayat” sing artine kabarna marang sapadha-padha ora ketang mung sak ukara.

Ning ndesaku, ana istilah pasa tutup kendhang. Mangsute, wong sing nglakoni pasa nanging mung ning ngarep lan mburi thok. Ning tengah ora pasa, ora merga alangan. Kopong kaya kendhang. Pasa wae ora, apa maneh amal ibadah liyane?

Aku percaya nek sedulur KECaKOT ora ana sing kaya tutup kendhang. Nanging nek nyawang mesjid-mesjid, mushola-mushola sing rame pas tanggal enom, trus sepi ning tengah lan rame maneh ning tanggal tuwa nek wes meh riyaya, nurut panemuku iki dadi tugase dhewe kabeh. Iki bageyan seko kuwajibane awake ndhewe sing arane fardhu kifayah, supaya tansah ngelingake sedulur sanak kadhang tangga teparo lan sapadha-padha Muslim, mumpung akeh kautaman amal ibadah ning wulan Romadhon, ojo mung oyak-oyakan nggolek sangu bada, ning yo konsisten nglakoni amal ibadah ning wulan Romadhon ora kaya tutup kendhang.

Post to Twitter Post to Plurk Post to Yahoo Buzz Post to Facebook Post to Google Buzz Send Gmail

Related Posts

48 thoughts on “Tutup Kendhang

  1. Semoga saja generasi penerus bangsa bisa melestarikan budaya bangsa yang hampir punah.

       0 likes

  2. Ooo ada istilah Puasa tutup kendhang.. walah.. semoga aja aku ngga.. Puasa bukan hanya menahan lapar dan haus, tapi juga menahan hawa nafsu baik nafsu kemarahan, nafsu punya niat yang tidak baik.. karena ini sangat penting. Bukan hanya ibadah yang terlihat, seperti sholat, berinfaq.. namun yang tak terlihat itu sangat penting, ikhlas dalam mengerjakannya. Kata Allah “Ramadhan itu untuk-Ku artinya.. Amal di bulan Ramadhan itu Allah yang menilai..” Semoga saja Ramadhanku bukan “Ramadhan tutup kendhang” Amiin..

       0 likes

  3. Walah…. Lha kok jenenge tutup Kendang yo? Tabuh kiwo tabuh tengen. Nek tutup Bedhug Puasa-nele greger mung nang ngarep thok.
    .-= sedulur omahmiring menampilkan tulisan..Kuliah Hari Ini =-.

       0 likes

  4. kemalasan merupakan godaan terberat pak. apalagi kalau pas waktu berbuka kekenyangan, jadi males dech ke masjidnya :-) .-= sedulur dafhy menampilkan tulisan..Ramahnya Indonesiaku =-.

       0 likes

  5. puasa kendang. ehmm. aku lama gak mendengar istilah ini. tentang orang yang puasanya hanya awal dan akhir.
    tapi orang begini termasuk hebat loh mas. biasanya kalau sudah berhenti ibadah untuk memulainya akan berat. salut :))
    .-= sedulur novi cuk lanang menampilkan tulisan..Waspada BAB Saat Puasa =-.

       0 likes

  6. simbolisasi naratif yang sungguh luar biasa mengena pak.
    Insya Allah kita semua diberi Ridho-Nya dan bisa menggapa kesempurnaan
    .-= sedulur zenteguh menampilkan tulisan..La Tomatina =-.

       0 likes

  7. sewaktu sekolah dulu di gedung kesenian sekolah ada banyak gendang gendang seperti itu, dan ketika saya coba untuk memainkannya ehh malah telapak tangan saya yang perih… belum terbiasa
    .-= sedulur andif menampilkan tulisan..Jadikanlah Membaca sebagai Hobby =-.

       0 likes

  8. Matur nuwun mas, sampun ngelenaken konco-konco. pancen bener, engko isoh-isoh kendang malah dicolong karo negoro lio, lha lak piye?
    padahal kendang itu kan sangat bagus, dan milik indonesia, musiknya sangat asyik buat didengarkan dan buat jogetan bila dimainkan.
    harus kita jaga dan kita tingkatkan budayanya ya!

    Iklan Gratis

       0 likes

  9. Saiki mungkin yo jik onok mas sing pasa tutuk kendhang, pasa mbedhug e..he..he.
    Moga2 awake dewe klebu wong kang nutug lan bener pasane yo mas.
    Matur nuwun, salam anget soko Suroboyo.

       0 likes

  10. kalo menurutku sih kenapa mesjid pada sepi menjelang akhir ramadhan, soalnya dah pada nyicil mudik.
    nah gantian mesjid2 di kampung halaman yang berjubel (smoga)

    asline aku rep komen nggo boso jowo, lantaran boso jowo ku wis ra fasih maneh yo nulis boso Indonesia ae (mugo-2 boso jowo ra sampe diaku tonggo sebelah :D)
    .-= sedulur riesurya menampilkan tulisan..Saat yang pas buat Ngeblog dan Alexa ranking =-.

       0 likes

  11. Mugo-mugo pitutur becik kuwi dadi pitutur kanggo kabeh sedulur nggih damel ingkang matur……
    alkhamdulillah… jen nuruni ibune nek sik paring pitutur.
    .-= sedulur jahid KLW menampilkan tulisan..KKN PARA MAHASISWA TUA =-.

       0 likes

  12. Mugo -mugo pitutur apik kuwi iso diamalke karo poro sedulur lan damel ingkang matur………Alkhamdulillah..jen priyayi siji iki jebul koyo ibu’e menawi sek paring pitutur…..
    matur nuwun
    .-= sedulur jahid KLW menampilkan tulisan..KKN PARA MAHASISWA TUA =-.

       0 likes

  13. Nek aku pengine shof mejidte kui kebak terus pak, ura merga wulan pasa. Iki yo bisa kanggo ngilengake para sedulur kabeh (dance) .-= sedulur Wandi thok menampilkan tulisan..Serangan Fajar =-.

       0 likes

  14. komenmu yang semacem ini diposting ke berapa blog ya??? (thinking) perasaan sudah pernah ke sini tapi komennya masih salam kenal lagi! dasar fast reading! (angry)

       0 likes