Nalika melu Amprokan Blogger 2010 tanggal 6-7 Maret kepungkur, aku ketemu sawijining pawongan sing PD-ne raukur-ukur. Jiannnnn… gembagus polll!!!… Jan-jane aku wis kenal jenenge ~pancen dheweke uwong terkenal~, nanging mung kenal asu, ngerti ambune durung nate ketemu thuk-gapruk karo dheweke. Wong aeng njelehi kuwi jenenge Nukman Luthfie ~sak teruse pokoke tak arani Cah Gembagus ngono wae lah~. Jarene uwong-uwong sing wis kenal, dheweke kuwi asline ahli nuklir nanging alih propesi banting setir dadi pakar pemasaran, pakar sosial media, lan pakar-pakar liyane termasuk pakar gembagus, pokoke beda banget karo babagan pernukliran.
Jare uwong-uwong sing ngerti, dheweke kuwi aseline wong Kendal (wah… padha karo Harun si kanibal ning mBatam sing nguntal daginge kancane dhewe kae)…
Jare uwong-uwong sing senenge tlusap-tlusup golek-golek alane wong liya ~kae lho kaya inpotainment ning tipi kae~, Cah Gembagus kuwi ndhisik sekolahe ning SMA 3 (es-em-a telu) Semarang. Nanging, jarene kangmasku sing mbiyen nate sak kelas ning SMA, najan gembagus Nukman kuwi uwonge apikan.
Wes ah, ra usah kakeyan ngrasani, ngko ndak kupinge abang.
Jelase, babagan kadigdayan, aku ngakoni dhewe. Nalika dadi narasumber ning Seminar Interaktif Amprokan Blogger 2010, jan ketok tenan nek Cah Gembagus kuwi tatas titis, kabeh omongane thes githes mentes, ora eman andum elmu najan elmune kuwi ora sembarang wong sing iso nguwasani. Sithik-sithik lan nrithik Cah Gembagus nerangke babagan perilaku online utawa online behavior seko wiwitan nganti pungkasan.

Jujur wae, najan pas melu Seminar Interaktif kuwi aku akeh celelekan, guyon ora maton, naning aku tetep nyimak kanthi serius. Pungkasane, krasa banget yen akeh sing durung tak ngerteni, rasane tambah cubluk lan kudu sinau luwih akeh.
Cah Gembagus nyatane mung ora gembagus thok, nanging bener-bener sembada.
Sedulur sing arep nambah pasinaon babagan online behavior, mangga nyimak blog Cah Gembagus Nukman ning kana (ceklik iki)…
Gambar seko mas Dhodie, ditambahi seko mbah Gugel…
Versi Bahasa Indonesia klik di sini!!!…
pertamaxxxx!!!
*padahal belom ngerti isi tret di atas*
.-= sedulur buitenzorg812 menampilkan tulisan..clamtk =-.
ikut
juga
*sami kang … abdi oge teu ngartos*
.-= sedulur rangga aditya menampilkan tulisan..final review windows 7 RC in my laptop Acer aspire 5583 (so long, cupang …) =-.
keduaaaxxx…..
.-= sedulur ohdediku menampilkan tulisan..Linux Amikom Eksis Lagi =-.
ampun mas, saya butuh subtitle..
nukman ki sedulure luxsman dudu yo
.-= sedulur annosmile menampilkan tulisan..Beautiful Sunrise In Mount Penanjakan =-.
ketoke bahasane abot nemen… mbuh opo acarane sing penting pangane opo?
.-= sedulur senoaji menampilkan tulisan..Minimal Paling Aman Ya Huuuuu =-.
wah… panganane cem-macem, nganti kemlakaren…
pancen gembagus tenan mas Nukman. nanging aku seneng banget carane nyampeke materi.. top banget
lha kuwi sing tak arani sembada… najan bola-bali umuk nggantheng… huahaha…
hoahahaa..iki wong’e wes ndelok blog iki tak Kang Andy? hiaiahaha..sumpah kang..ngakak…baca tulisan ini…
.-= sedulur bOm² KDB menampilkan tulisan..Yang Sakral di Amprokan Blogger =-.
wah… nek ybs maca iki, gaswat!
mesti omahe sleman yo?
soale sembada…
soale, nek solo mestine berseri
nek kartasuro opo yow?
.-= sedulur ciwir menampilkan tulisan..Amprokan Blogger 2010 =-.
kartosuro rica-rica
Menawi pripun mboten nopo nopo
.-= sedulur iwan menampilkan tulisan..Misterius dan Rahasia Page Rank =-.
Waduhhh… aku translate koq ga bisa ya??? bahasa apaan sih??? hahaha…
digawe boso Jowo sopo ngerti ybs wis lali boso jowo, dadi nak ngejak ribut hakime ra mudeng…
tapi yo pengen ngundang wong gembagyus ini buat manaske pemda Banyumas
.-= sedulur Pojok Pradna menampilkan tulisan..Amprokan Blogger Bekasi : Hijau, Bersih – Bersinar =-.
Waddoh artinya apaan sich?
woh om nukman kui pancen top oyeeee…
.-= sedulur budiono menampilkan tulisan..Blogger: Blogging, Talkshow, Tutorial dan Kopdar =-.
Jian… Om Nukman kuwi ncen hebat. Iso ngenyek desain web Kota mBekasi neng gedung MK. Nek walikotane wingi teka, pasti lewih ntek maning. Ilmu tentang website soko Om Nukman kuwi ncen bermanfaat banget. Dadi isin aku, blogku acak-acakan. Moga wae, YBS moco tulisan iki n esih eling boso jowo….
*nyari translate this blog enggak ada
*
.-= sedulur rangga aditya menampilkan tulisan..final review windows 7 RC in my laptop Acer aspire 5583 (so long, cupang …) =-.
bagi2 ning kene tho mas atas ilmune…
.-= sedulur kimsanada menampilkan tulisan..Tentang Alay =-.
adoh.. untung saya nggak kenal, dan duh,… bahasa mana ini yang dipake..
Ngguaya…. moso basa planete dewe ra ngerti…
Iku aku ngerti neng plurk. Wah ternyata asik juga ikt amprokan!
asli nyesel aku ra sido nyusul..!
gembagus kuwi sok bagus ngono ? hihi
.-= sedulur geblek menampilkan tulisan..Tak Berujung =-.
Ini maksudnya Om Nukman orang paling selengean sedunia gitu yak, kang? *sotoy hahaha*
Akhirnya saya nyaksiin performa dia juga di atas panggung. Cuman satu kata deh buat om nukman: TOB!
.-= sedulur dhodie menampilkan tulisan..30 Fast Facts of Amprokan Blogger 2010 =-.
Weh.. ncen nek wong bagus ki sak tibo-tibone yo bagus….
Sembadha karo baguse… melu bombong rasane.
.-= sedulur xitalho menampilkan tulisan..Sidang Pansus Yang Unik =-.
mboten saget komentar, kolo wingi mboten tumut.ning tulisanipun saiestu sae.
.-= sedulur sanjati menampilkan tulisan..Logo dan Tema baru Ubuntu =-.
Kalau gemagus artinya gak bagus?
.-= sedulur Health & Beauty menampilkan tulisan..Health Tips That Make Your Life Better =-.
Walaupun saya senang bahasa Jawa, tp huaaaa!
ga ngerti poll…. Butuh translator
BTW, ituh knapa quotes di bawah header?
Padahal blog yang itu cuma buat ajang eksperimen
.-= sedulur cici silent menampilkan tulisan..Haruskah =-.
*urlny dah daku ganti Pak, ojo pake nama perusahaan… ga enak*
.-= sedulur cici silent menampilkan tulisan..Haruskah =-.
ya…ya…ya… url dikembalikan ke cici_silent aja…
terjemahan ada di http://andy.cahbag.us
silahkan dibaca sambil lihat foto saya, hehe
pantes nek mripatku keduten wae pirang-pirang ndino iki.
maturnuwun … tulisane jujur kacangijo :)
lha pas ketemu ning Bekasi kok yo ora sempet kopdar to yo…?
.-= sedulur Nukman Luthfie menampilkan tulisan..Facebook di Tangan Para Pendekar =-.
alhamdulillah, pas wonten mbekasi, kula saged salaman kaliyan panjenengan, kangmas!
Sanes wekdal mugi wonten kesempatan saged sowan panjenengan…
nanging kahanan rame, priyayi gembagus nembe dirubung blogger-blogger sak ndayak, kula piyambak mboten sekeca menawi SKSD – sok kenal sok dekat-…
suwun pasinaonipun ingkang ageng manfaatipun…
Waaaah, sepertinya bahasa tingkat tinggi ini. Jd tambah penasaran belajar bhs Jawa.
.-= sedulur cici silent menampilkan tulisan..Haruskah =-.
ndak bisa kopdar…soale donat KDB telas….
.-= sedulur bOm² KDB menampilkan tulisan..Shafa,Tetaplah Bersemangat… =-.
pak Nukman ancen Ngganteng :)
tur sembada tenan!
mugi-mugi saget kathah ingkang nuruni ngelmunipun Cah Gembagus puniko…
sayangipun kulo mboten tumut ngamprok, mbokbilih warso enjang
mugi kula nggih saged kopdar malih kaliyan panjengengan, dhimas! (sisan meguru)
akeh sing durung tak ngerteni, rasane tambah cubluk lan *itu cuma mengcopy dari tulisan mas* abis gak ngerti… akeh sing wong sunda (tambah ngarang)
.-= sedulur neorenggana menampilkan tulisan..Mr. Krabs Oh Mr. Krabs =-.
terjemahan bahasa Indonesia ada di http://andy.cahbag.us
monggo mas!
pak Nukman ancen Ngganteng tur ilmune migunani marang wong liya *terpaksa ngoko tak bisa bahasa jawa halus*
Peribahasa “tong kosong suarane seru” gek ora berlaku nang kene yo? Ketoke wong gemagus mau komunikatif banget
salam Cakeb (Cah Kebumen)
.-= sedulur hanif menampilkan tulisan..Menjemput Hujan =-.
Pancene pak Nukman kuwi top markotop
.-= sedulur jakober menampilkan tulisan..Wong Njawa Nang Ndi-ndi Ana =-.
Kapan yah bisa ikut ginian?
.-= sedulur Bang Iwan menampilkan tulisan… HIBAH NOVEL SAAT POSTINGAN KE-1000 =-.
wadu
repot
bahasanya aku gak paham
bahasa indonesia aja napa???????gak bisa ngerti nih…..
terserah aku dong! ini kan blog-ku sendiri!!!…